BUDAYA "RA USAH DIBUDAYAAKE"
Pengangkring

Hadip DC
Kategori : Budaya
@ 27 Apr 2010 | 00:56:36


Sepanjang perjalananku dari Djogja nuju Cirebon kemarin tanggal 26/04 rasane ada yang istimewa. Lha gimana ndak istimewa, sepanjang jalan banyak disambut anak-anak sekolah sing lagi podo merayakan kelulusan sekolahe.

lanang wadon podo wae. Rambut, klambi, celono podo dicat aneka warna. Numpak motor knalpot ra karuan suarane, Arak-arakan ngebaki dalan. Pak polisi yang ada disitupun tidak bisa berbuat banyak ngadepi anak-anak yang lagi pada larut dalam kegembiraan, meski aturan dah jelas kalo numpak motor wajib nganggo helm.

Barangkali mungkin mereka itu berpikir kalo perjalanan sudah selesai. Sehingga kelulusan harus dirayain sedemikian meriahnya. Kira-kira terpikirkan ndak ya temen-temen mereka yang ndak lulus.

Wis lah...kelihatannya hal tersebut memang udah menjadi budaya mereka.

Saya ucapkan selamat aja tuk yang lulus, ingat setelah ini anda masih harus sibuk nyari tempat kuliah atau sibuk nyari kerja. Dan bagi yang ndak lulus, jangan terlalu larut dalam kesedihan masih ada hari esok. Terus balajar dan tetap semangat...

Bagi
Budaya sakdurunge Mbudaya

arek.suroboyo ngangkring @ 01 May 2010 | 12:20:15

Lho cak Hadi, sakdurunge budaya lulus2 an yo gak koyo saiki, mbiyen malah onok pensi ambek inagurasi, wis ngono pelepasan ambek guru2, kadang2 ambek nangis2, gak onok corat-coret, paling cumak salaman thok,

Lha nek saiki atek acara hip hip hura hura (koyo lagune cak Chrisye) iku dudu budaya tapi wis mbudaya.

Sing diprihateni, paling2 mari ngene nek gak nerusno sekolah yo nganggur, nek nerusno sekolah ujung2e yo nganggur maneh. Lha nek ngene milih lulus opo gak lulus nek hasile podo2 angel golek gaweyan.

mikir karo ngguyu, ngguyu karo mikir
becike

simbah87 ngangkring @ 01 May 2010 | 13:56:55

becike le ngrayakne kelulusan ki..
pesto prasmanan neng lek man..

wareg..
seger..
gayeng lan NYAMLENG!!

Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana
Mbiyen.....

Hadip DC ngangkring @ 05 May 2010 | 07:29:29

Lha iyo cak....jamanku mbiyen waktu lulus-lulusan, yo ora koyo ngono kuwi. Lha piye motor wae ra duwe, klambi dicorat-coret isin (dikiro wong edan)

Pancen mbah nek bocah-bocah kuwi podo gelem prasmanan luwih becik. atau pas wektune pengumuman kelulusan kon podo nganggo pakaian tradisional wae koyo neng Bali.

Wis-lah jaman pancen wis berubah.....

Mbiyen.....

Hadip DC ngangkring @ 05 May 2010 | 07:37:16

Lha iyo cak....jamanku mbiyen waktu lulus-lulusan, yo ora koyo ngono kuwi. Lha piye motor wae ra duwe, klambi dicorat-coret isin (dikiro wong edan)

Pancen mbah nek bocah-bocah kuwi podo gelem prasmanan luwih becik. atau pas wektune pengumuman kelulusan kon podo nganggo pakaian tradisional wae koyo neng Bali.

Wis-lah jaman pancen wis berubah.....

Nyuwun sewu.....

Hadip DC ngangkring @ 05 May 2010 | 07:50:53

Iki komputer'e sing ngaco opo internet'e sing ngajak suloyo. Sekali enter kok loro sing njedul...opooooo....pikiranku sing ora beres.

Ojok Terlalu Jujur Po' o

arek.suroboyo ngangkring @ 10 May 2010 | 02:01:15

Cak Hadi, sampeyan yo ojok terlalu jujur ngungkapno jati diri nek pikirane gak beres.

Jaman saiki wong jujur isok ajur, arek sekolah diajari hasil dudu proses embuh yak opo carane. Sekolah telung taun hasil e cumak didelok sedino rong dino wayahe ujian nasional thok. perilaku sehari hari duduk bagian penilaian.

Gak lidhok sesuk bongsone awake dhewe dikebeki ambek generasi instan sing ngutamakno materi timbangane moril.

Mangkane Cak saiki ojok terlalu jujur po'o, trend e lagi kanggo wong2 sing gak jujur. Sing jujur ayo podo meneng sik ambek waspada.

mikir karo ngguyu, ngguyu karo mikir
jujur kacang ijo

rusi ngangkring @ 01 Jul 2010 | 19:46:35

majalah tempo memberitakan kekayaan para jendral dgn jujur namun pmberitaannya sempat dihalangi oleh oknum berduit yg memborong seluruh majalah shg masyarakat sulit mendapatkan ceritanya.

dan saking jujurnya, tempo juga nggambar sosok polisi yg mengendalikan babi di covernya. namun membuahkan protes dari jajaran korp baju coklat.

mengapa tempo harus nggambar kayak gitu ?, strategi bisniskah, atau babi memang sosok binatang yg lucu, rakus dan goblok ?.
menerut saya harusnya Tempo nggambar polisi menjaring teroris, gayus, susno, misbakhum dan koruptor kakap lainnya yang jelas2 merugikan negara, sehingga Tempo lebih tampak keberpihakannya kepada upaya pemberantasan korupsi.

yah itulah strategi komunikasi bisnis, semuanya didasarkan kepada kepentingan........


Lah kok gak nyambung?

koebiz ngangkring @ 06 Aug 2010 | 02:34:55

Den mas rusi, lah komentar panjenengan kok out of topic toh hahahahah malah mbahas babi. Lah bisa jadi Tempo mendeskripsikannya sebagai babi, kalo langsung foto ybs kan ya ndak etis toh.

Lah kalo masalahnya lulus-lulusan, sak jane sek dioyak kui yo lulus. Beres. Terus? Yo mbuh, urusane bapakku, sek mbayari bapakku kok.
Ngono kui pemikirane, mbuh awake dewe biyen koyo ngono opo ora. Sejatine perjalanane lak iseh dowo, kudu sekolah maneh, mbuh kui mlebu SMA utowo Kuliah. Sek durung mbut gawe kui, lah opo ora kepikiran mbesok arep mbut gawe opo?

Dadi kelingan lagune G-Tribe, "...senengane tarikan karo pasang totoan, bapak ibu nesu-nesu duwe anak ora nggenah ..." utowo "...saben dikongkon ibune mesti ra gelem nindakke, ra tau mikir nasib konco sek lagi susah, gawene reged-reged, ra tau umbah-umbah, bocahe pancen pekok sekolah ra munggah-munggah ..."

Menu
Member menu
Username

Password


Lost Password ?
New User Join Now
Getok Tular
» 06 Sep 2010 | 04:37:07
Permisi .. numpang ngangkring yoo,moga mugi di terimo.From Batam to Jogja, doakeun iso hijrah nyang Jogja :)
» 02 Sep 2010 | 06:53:59
nuwun sewu.. bade nderek liwat hehe
» 03 Sep 2010 | 23:06:56
mongo kang, mampir ngombe sek ene karo nyemil nyemil gorengan
» 29 Aug 2010 | 01:44:43
luamaaaa... banget nggak besuk nih... pa kabar semuanya??
» 29 Aug 2010 | 07:07:36
Riyoyo kurang rolas dino, sesuk ndang tuku klambi ah....nggo lebaran neng curug ro yange sing anyar.....
» 25 Aug 2010 | 21:26:42
kulo nuwun sederek sederek salam kenal kabiehhh
» 24 Aug 2010 | 02:18:15
punten sederek2.. mbok menawi wonten ingkang saget mbantu kulo.. rencana kulo badhe mbuka usaha angkringan.. namung kulo taksih bingung soal gerobak.. mbok menawi wonten sederek2 ingkang gadah referensi.. hubungi kulo mawon teng pesbuk army.oty@gmail.com
» 15 Aug 2010 | 09:32:13
Nggak terasa bulan Ramadhan telah tiba. Bulan yang mulia ini jangan kita lewatkan dengan begitu saja. Mari kita isi dengan amalan ibadah.
» 14 Aug 2010 | 21:32:13
puanaaas...godaan kiyy.... weruh sandal koyok iwak empal..dyuuuh gustiii paringono sabaar
» 16 Aug 2010 | 07:18:32
lha yo tinggal di goreng ae to kang sandale, okehi minyake, dijamin nyamleng lah :D
» 24 Aug 2010 | 01:14:38
parah iki, suwe2 mangan baceman teklek
Silahkan Login / Register Untuk isi shoutbox
Banner