arek.suroboyo
Kategori :
Budaya
@ 01 May 2010 | 15:13:15
Nyambung tulisanku sing ndhisik, peristiwa awakku ketemu copet nyang Jogja gak mandhek tekan semono.
Isuk2 mari Shubuhan bojoku nggeret awakku budhal nyang Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat, jarene nek arep isok nonton Grebeg Mulud yo kudu isuk2 nyang alun2 lor opo maneh Grebeg Mulud kali iki spesial soale pas netepi taun dal, embuh awakku gak ngerti sing dimaksud taun dal. Kanggo awakku sing penting isok nontok grebek Mulud, cek gak rugi mbelan-mbelani njupuk cuti dawa.
Ancene awak lagi beja,pengine nontok nyang alun2 lor eh malah gak sengojo isok mlebu nyang jerone mesjid agung Ngayogyakarta, padahal lawang2 teko alun2 lor opo maneh teko kauman wis meh ditutup untung ketepakan imam mesjid lagi arep metu numpak becak, langsung ae awakku sakloron nyelip mlebu.
Sakwise awakku mlebu, lawang2 gerbang masjid podho ditutup wis ngono nyang njero dijogo tentara ambek brimob sak pirang2. Sing wis kadung nyang njero gak isok metu opo maneh sing njaba yo gak isok mlebu.
Nyang njero yo wis mulai sumpek tapi wong2 podo tertib ngenteni gunungan mlebu mesjid, kiro2 jam 8.30, gunungan Bromo wis mulai mlebu gerbang mesjid, gak disongko onok wong rame2 podho nggebuki arek enom sing ternyata copet, arek iku arep metu jelas gak isok polahe siji2ne lawang sing kebuka wis dileboni gunungan. Jelas ae arek iku dadi bal2 an sing arep nontok grebeg Mulud, untunge tentara ambek brimob isok cepet ngamano arek iku, nek gak, isok wassalam.
Oalah rek2 timbangane dadi copet mending dadi koruptor, wis gak kepanasan gak digepuki wong sak pasar pisan.


